Ayo Terus Berkreasi Untuk Kehidupan Generasi Kita dan Kehidupan Generasi Sesudah Kita

Minggu, 03 April 2011

Renungkanlah

Para sederek kita sedaya
Jaler estri enem lan tuwa
Mumpung urip ana ing ndunya
Limang waktu ya lakonana

Elingana bakal ana timbalan
Timbalane Kang Maha Kawasa
Yen wus teka ora kena wakilan
Gelem ora bakal dipeksa

Disalini pengagem putih
Yen wus budhal ora bisa mulih
Tumpakane kereta jawa
Roda papat rupa manungsa

Jujugane ana ing guwa
Tanpa bantal lan tanpa klasa
Omahe ora ana lawange
Turu ijen ora ana Kancane

Ditutupi anjang-anjang
Diurug di sirami kembang
sing ngunjungi arang-arang
Mertandhani yen imane kurang

Tangga-tangga padha nyumbang
Tangisane kaya wong nembang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar